Minggu, 22 Agustus 2021

*"GORO-GORO KENALAN LEWAT FB"*

 *"GORO-GORO KENALAN LEWAT FB"*

=====================================
Sore iku Paijo lagi numpak sepeda motor, nggoleki
omahe Painem, kenalan anyar oleh soko pesbuk..
Rumongso kesasar, Paijo langsung mbukak pesbuk.. terus inbox-an nang akune FB Painem..

Paijo : "Halo Yang Nem.. aku wis tekan daerahmu iki.. Terus mlebu gang sing endi..?"

Painem : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyan lurus kiro-kiro 25meter ono omah gedong tingkat apik, warnane biru, mobile akeh.."

Paijo : "Siap..! aku wis teko kono.. iki omahmu to
Nem..?"

Painem : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kiro-kiro 10meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapangan iku.."

Paijo : "Pasti iku omahmu yo Nem..?"

Painem : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus ae
mengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."

Paijo : "Mesti iku omahmu khan..?"

Painem : "Iku jenenge konter hp, Mas.. sampeyan belok kanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.."

Paijo (wis arep ngamuk) : "Omahmu Nem..?"

Painem : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko weruh
peternakan bebek gede iku.."

Paijo (kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku
omahmu tho..?"

Painem : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus
terus....mengko ketemu alas.. ikuu.."

Paijo (wes anyel) : "Iku omahmu Neeem...???!!!!!!"

Painem : "Aku dudu monyet Mas.. sampeyan lewat alas lurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjid iku.."

Paijo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki ngomong dudu
omahmu.. tak santet temenan awakmu Nem..!!!"

Painem : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"

Paijo (lego campur lemes) : "Iyo.. aku wis nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo Ayang Painem.. gawe pegele awakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan..hehehe.."

Painem : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku neng njero omah kok, Mas.."

Paijo : "Lho kok malah emakmu sing dikongkon
nemoni??? Lha awakmu nang endi Nem..???"

Painem : "Aku wis suwi nang Hongkong dadi TKW
Mas.."

Paijo langsung ndlosor nang suket kejet-kejet stroke'e kumat stadium pitu likur...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar