Syok dinikmati ... kalo gak ngerti tinggal buka google translate! Hehe ...
MBAH KAKUNG DIRUN POTONG ING SALON MODERN
Tk Cukur. : Ngersakke nopo mbah ?
Mbah Dirun : Ajeng cukur mas,niki rambute pun dowo selak sumuk.
Tk cukur. : Nggih gampil mbah, ning sakderenge rambute dikramasi riyin nggih ben resik
Mbah Dirun : Pun manut mawon kulo mas.
Mbah kakung Dirun seneng banget lagi pisan iki dikramasi karo dipijeti sirahe.Bareng wis rampung.
Tk cukur ; Mbah niki rambute simbah pun putih kabeh disemir ireng riyin nggih ben ketok mundak enom melih.
Mbah Dirun : Nggih mas saene mawon kulo manut.
Bareng rampung di semir mbah kakung ketok gagah bali enom meneh.
Tk cukur : Terus sakniki simbah ngersakke potong model pripun,ten mriki pun ahli cukur sedoyo segala model saget mbah.
Mbah Dirun : Kulo pengin gundul mawon kajenge ten sirah enthing.
Tk cukur. :
*10 DOSA YANG DIPERBOLEHKAN:*
1. Yen wayah esuk weteng luwe dianjurake *DOSA*rapan.
2. Yen ketemu konco dianjurake *DOSA*laman.
3. Yen mlaku ning latar dianjurake *DOSA*ndalan.
4. Bocah santri yen arep sholat *DOSA*rungan.
5. Yen tanggane duwe gawe yo apike *DOSA*mbatan(rewang/ mbiodo)
6. Yen wayah riyoyo apike yo *DOSA*mbangan. (Silaturahmi).
7. Yen kesel lan ngantuk apike yo *DOSA*re mawon.
8. Paseduluran apike yo *DOSA*yang sayangan.
9. Nek adus apike yo *DOSA*bunan.
10. Nek keramas apike yo *DOSA*mpoan.
jangan menambah dosa yg lain
Yen gak gelem moco yo, *DOSA*wangen wae, heheheee!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar