dapat kiriman joke di sebuah grup.
di joke ini terkesan ustadznya konyol banget.
Ngaji bareng Ustadz Jarkoni (iso ngajar ora iso nglakoni)Jam aah ( J ) : "Tanya, ustadz, hukumnya menikah dengan teman sekelas itu bagaimana...?"
Ustadz
( U ) : "Islam memang membolehkan nikah lebih dari 1, tapi yo ora njur
sekelas mbok rabi kabeh, opo kowe ora bingung yen golek jamune...?"
J : "Lha kalau nikah sama anak yang masih kuliah pripun, ustadz...?"
U
: "Boleh, tapi kalo bisa...nikahnya pas sudah pulang kuliah wae, jangan
pas di kampus lagi kuliah, ben gak ngganggu dosen karo mahasiswa
liyane..."
J : "Sekarang kalo adzan banter-banter boleh nggak ya, ustadz...??"
U
: "Gak cuman saiki, wiwit biyen gak oleh muni banter banter... adzan ki
yo takbir, munine "Allahu Akbar" x4 lan sak teruse, ora gembar-gembor
muni "banter banter"... ditapuki wong sak kampung kowe mengko..."
J : "Terus hukume ndongakne wong mati pripun, stadz?"
U
: "Jelas ora oleh... Sing bener ki ndongakne wong dowo umure, lancar
rizkine seger kewarasan utowo tetep iman lan taqwa ne... Ojo malah di
dongakke mati... lek ngerti wonge di tapuki kowe... Lha kae kang Paimin,
kono neng ngarepane ndang dongakke mati... Nek ora di pisuhi
mengko...!!!"
J : "Hukume salaman bar sholat pripun, ustadz??"
U
:"Yo ora popo, wong bar sholat... Bar sholat ki arep nguyuh, ngising yo
oleh, sing gak oleh bar sholat terus ijol sandal... koyo kelakuanmu nek
jum'atan..."
J : "Lha nek sholat sarungan pripun, stadz???"
U
: "Batal...lha wong sholat kok sarungan... sing bener ki sarungan
dhisik banjur sholat...mulane iku, kowe nek sarungan sing kenceng, ben
gak mlorot pas sholat disabuki, opo taleni rafia...!!! ojo koyo cah
TK...!!!"
J : "Aku takon kok sirahku malah tambah ngelu, ustadz?"
U : "Lah sopo sing ngongkon awakmu takon ?"
Tak tambahi :
J : Nek wong mati jarene gak boleh di dusi ya ustadz apa bener ?!
U
: Yo wis kawit mbiyen wong mati iku gak entuk di dusi tapi dipocong
nganggo mori. Nek di dusi ngko ndak dikira supermi kerdusan..



